TIRAKATAN 17 AGUSTUS 2009

PROSESI KIRAB TUMPENG ROBYONG


Jam ditanganku menunjukkan pukul 19.20 menit ketika kenthongan nada Uluk-uluk ditabuh Pak RT, lalu Pembawa Acara membuka Acara Malem Tirakatan 17 Agustus 2009 di kampung Kandangsapi Jebres Solo.

Aku mulai mendalang…..

Dhedhep tidem prebawaning ratri
Sasadara wus manjer kawuryan
Tan kuciwa memanise
Menggep srinateng dalu
Siniwaka sanggya pra dasih
Aglar neng cakrawala
Winulat ngelangut
Prandene paksa kebegan
Saking kehing taranggana kang sumiwi
Warata tanpa sela

Gending pembuka dari CD, Prosesi dimulai……

Kocap Kacarita: Minangka jangkeping carita, katingal wonten sunar saking ketebihan ingkang cumlorot hanelahi, inggih sunaring kampung Kandangsapi RT 1 RW 33 ing ratri kalenggahan punika.

Sinebat kampung Kandangsapi, amargi duk samangke, rikala Susuhunan Ingkang Kanjeng Sinuhun Paku Buwana kaping VII ngasta pusaraning adil ing nagari Surakarta Hadiningrat, kepareng ngingah rajakaya arupi lembu. Pramila hanetepaken tlatah ing iring ler wetan sacelaking kali Anyar kadadosaken kandang. Amargi rejaning jaman; kampung kalawau sinebat kampung Kandangsapi.

Lah menikata warnanira, kampung Kandangsapi ingkang tata titi tentrem kerta raharja. Wonten ing dinten Sukra Kasih, surya kaping 16 Agustus 2009; karang tumaritis ing Kandangsapi ketingal gilar-gilar, kadya taman ing swarga loka.

Punapa ta werdinipun, bilih dalu punika para warga kampung Kandangsapi makempal sawiji. Datan sanes; hamung badhe nyawijekaken cipta rasa karsanipun, saperlu hangestungkara, caos pandonga suci wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Akarya Loka, ingkang sampun paring kanugrahan arupi kamardikan dhumateng bangsa Indonesia duk rikala 64 warsa kapengker.

Palenggahan sampun ginelar asesamak babut, sinebaran sari-sari ginanda lisah jebat kasturi, ketingal arum gandanya, hangebaki ing madyaning pahargyan. Swasana tidem premanem tan ana sabawa, ingkang kapireng hamung lamat-lamat swaraning pradangga munya hangrangin, sinela swaraning widuwati kang hanyapih sepining swasana, lamun ta kepireng saking katebihan pating calengklang, pating calengkling imbal gantya ing mandaraga.

Sampun dumugi wahyaning mangsakala. Minangka purwakaning kandha, hanenggih pambukaning panyandra:

Kirabing Tumpeng Robyong ingkang apinda sekar kalparatu dewa ndaru. Ingkang sampun binayang saking marga, jengkar saking embaning Dampar Denta. Sigra manjing satengahing pahargyan.

(1) Minangka cucuking kang lumaksana; jejaka tumaruna sesilih; Janur Putra Katulistiwa. Sapecak mangu sapecak kendel, awit emut pangendikaning para nimpuna, rum kuncaraning bangsa; dumunung haneng luhuring budaya. Sang jejaka tumaruna enggala ngaturaken geguritan pambuka.

Janur mulai melangkah dengan ritmis, sembari membawa obor di tangan kanan dan secarik kertas berisi bait-bait geguritan, mulai membaca geguritan;

KIDUNG BUMI PERTIWI

Ibu bumi - bapa angkasa - nuswantara
Kepareng, ingsun anggurit sengkalan sawiji:

Mijile bayi merdika ing pangkone Njeng Pertiwi mencorong cahyane;
sumunar anelahi bumi gung ing pancere zamrut katulistiwa
Tamansari kusumaning bangsa sumare pra bantening jurit kang wus anuraga
Samya suminggah angidung tembang suci;
Ibu Pertiwi, ibu pertiwi, ibu pertiwi...

Lumakuning lakon reroncening sujarah wus rinakit dening pra sujana
Lelandhesan kasunyatan, linambaran sucining pangesthi
Tan kengguh ing apa wae jer maksih ginebeng prabawane Sang Pangeran
Sinawung suci murnine rasa jati nggennya samya ngabdi mring sesamining dasih
Nunggal lakon, nunggal rasa, nunggal prihatin

Jantraning sujarah trus lumaku,
Tan rinasa wisaning panggodha wiwit kumrembyah
analusup mrana-mrene datan katon
Lumebu galihe pra ambeg nistha
Akekududhung pangiming-iming agunging brana

Ing ngendi-endi tinaretes gebyaring pangalembana;
Blereng paningale,
blereng rasane
Musna kamanungsane,
Purwaduksina wus oncat saking kapribadene

Saiki…
Kedhatone Njeng Pertiwi peteng ndhedhet lelimengan;
Aluse drupiksa banaspati, engklek-engklek balung atandhak
Jejogetan memba-memba ledhek tayub samya wuda
Pupu ginelar dhadha binuka, pawadon sinundhul puyuh
Panen keplok nyrobot bandha, surak-surak mawurahan

Budayane wus kuwalik
rasane mati
keladuk
keblinger

(2) Kasambung salajengipun; minangka panyumbuling pangarsa, ingkang kaprah winastan pratiwa manggala ya talang pati; pinaragan taruna muda sakembaran kang bagus warnane, kembar busanane: sesilih Cristian Eka Wijaya dalah Immanuel Candra Wijaya. ketingal polatan tajem; jumangkahe suku nut wiramaning gending ingkang kapiyarsa. Ing sawurinipun ketingal sapangombyong inggih punika para bebakal tarunaning bangsa: Deby, Neta, Rachel, Itok, Yoga, dalah Eka Anggaresta.

Dua orang anak bersama beberapa akan kecil maju sembari membawa bendera Merah Putih yang tengah berkibar di tiangnya….

Kumlebet angawe-awe, gendera gula klapa katiuping maruta. Abang mbranang pindha kencenging tekat, putih memplak pindha sucining sedya. Datan mangro tingal: hamung abang-putih kang ngrenggani angkasa nuswantara.

Ngelingi labuhing pra kusumaning bangsa, ingkang sampun soroh jiwa raga mrih rahayuning nusa bangsa. Prayoga den kaesthi; Sadumuk bathuk sanyari bumi, den labuhi kanthi wutahing ludiro; Jaya Indonesia. Indonesia tansah Jaya!!!

(3) Kasambung ing sawurinipun; minangka patahing kirab; wonten pawestri ingkang maksih timur sesilih Nastiti Lamsri Slaganingrum. Ketingal glewo-glewo kaya golek kencana, ngagem busana pinjung edi peni; kinalungan sekar rinonce miwah sangsangan kencana tumibeng pamidangan; asri dinulu hanengsemaken ingkang sami mulat. Datan kendel risang pawestri hanyekar Maskumambang;

Kamardikan kang uwus kita rungkebi
Uruna mring nusa
Nadyan dudu bulu bekti
Prayogane melu njaga

Gending Ibu Pertiwi dari CD dibunyikan….

(4) Ketingal dampyak-dampyak kanthi lumaku baris lampah lon-lonan; sabregada para muda tumaruna kampung Kandangsapi hanjok saking tepis wiringing ardi, gumarojok tanpa larapan kanthi hambopong ‘Tumpeng Robyong’

Sigra mlampah sang tumpeng sinangga wakul
Para muda kang njageni
Ing ngarsa miwah ing pungkur
Tanapihing kanan kering
Sang tumpeng lampahnya alon

Tumpeng yang di tampah (alat penampi beras) ditaruh diatas meja kecil dan diberi dua potong bambu untuk pemikul. Tumpeng dan meja itupun dihias dengan pernak-pernik merah putih, sungguh heroik….

Sinten ta pager ayu dalah jejaka tumaruna ingkang kapatah ngirap Tumpeng Robyong punika;

Sabregada pager ayu pangarsaning lampah ingkang ketingal gandes luwes marak ati pinagan dening: Nanda Berliana Purwanti, Erlinda Novitasari, Clara Oktaria dalah Retno Ning Handayani.

Wondene jejaka tumaruna dasar gagah pideksa; polatan sumeh ketingal tajem, kaparagan hamboyong tumpeng, ketingal; Iswara Aji Herlambang, Dedy Ali Musyanto, Yusi Suhartono dalah Andika Supriyanto.

Ginarubyuk para putri kang apindha dhomas, kaparagan dening; Yesica Leodora, Ester Magdalena, Windi Kurniawati dalah Maria Christonia Ciptorini.
Ketingal luwes anggennya nyawuraken sekar telon ingkang dados pasemon mugi handadosaken rum kuncaraning kampung Kandangsapi.

Salajur sisih, tata ning lumaksana pangirabing Tumpeng Robyong ketingal dampyak-dampyak pindha sulung harebut marga; dinulu asri pindha robbing jalanidhi.

Dene pethiting kang lumaksana; inggih punika para bebakal bayangkarining praja, kaparagan dening; Sandra, Donik, Putri, Yanu, Prasetyo dalah Danik.

Punapa ta werdinipun Tumpeng Robyong dalu punika:
Janur kuning kang rineka janma, katelah sinebat Panjang Ilang, isinipun pisang ayu satangkep, kinang sakenyah, sekar sapelik; ing piwulang luhur den wastani Sanggan.
Ing wudharing panjang ilang, rawe-rawe rantas malang-malang putung, sah sampurna jantraning sedya.
Tumpeng Golong, mujudaken pasemon tansah enget dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung; wujud tumpeng pindha wukir pasemon golong-giligipun warga kampung Kandangsapi, kacihna sampun nyawijekaken cipta rasa karsanipun saha asung pandonga suci mring ngarsaning Gusti amargi sampun pikantuk kanugrahan arupi kamardikan.
Robyong ingkang rinakit saking kehing olah pasiten kapinda sekar kalparatu dewa ndaru; pasemon karaharjan lan kemakmuran. Kathi pangesthi karaharjan lan kemakmuran mugi tansah cumondhok ing kampung Kandangsapi ing salajelingipun tumuntena murah boga wastra.

Ketingal hamari kelu sedaya ingkang samya sinewaka; linambaran rasa pangrasa datan kentun ngulukaken angidung pandonga suci;
Dhuh Gusti, kawula nyuwun, mugi keparenga Paduka paring berkah saha paring pangayoman dhumateng nagari Republik Indonesia supados nagari Republik Indonesia tata tentrem, gemah ripah, kerta raharja, dadosa nagari ingkang santosa, jaya, tuwin kuncara ing bawana.

Dhuh Gusti, kawula nyuwun, mugi keparenga Paduka paring pepadhang tuwin tuntunan dhumateng para pengagenging nagari, para nayakaning praja, para bayangkari nagari supados sami saget nindakaken darma bhaktinipun dhumateng nagari; ingkang anjalari raharjaning nusa, bangsa, tuwin nagari kita Republik Indonesia.

Jejeg jumangkah, jajag jumujug kang jinangka, raharja ingkang samya sinedya. Kasigeg tumakaking adicara kirab.

Kirab Tumpeng untuk sementara waktu menunggu, jeda. Pembawa Acara mulai melanjutkan acara yang rutin dilakukan pada Acara Malam Tirakatan; Menyanyikan Lagu Indonesia Raya (Biarlah di Gedung DPR tidak berkumandang Lagu Kebangsaan Indonesia Raya, namun dikampungku Lagu Indonesia Raya berkumandang dengan kidmadnya), Pembacaan Pancasila, Sambutan Pak RT dan Pak RW, Menyanyikan Lagu-Lagu Perjuangan dan Do’a.
Kirab Tumpeng dilanjutkan….

Suruping Sang Yang Arka, gumantosing dalu. Datan wonten jroning ratri ingkang cinarita amung Sang Yang Candra ingkang mijil saking Pratala arsa marbawani ing jagad raya.

Amastuti wasita adi, sabdaning para winasis; dupi wus dumugi wahyaning mangsakala, dhumawahing nugraha saking Gusti Ingkang Maha Kawasa.

Mangkana ta wau, ingkang hamengku karsa nun inggih Bapa Suratman, kasumbul sawuripun nun inggih Ibu Suratman, Bapa Slamet PR saha Bapa Kasmudji sigra jumangkah hanetepi darmaning bebrayan agung; wigati hamberat sakathahing durgama jer katemben anggenira ngrumpaka Tumpeng Robyong. Sumangga nun.

Pak RT didampingi Bu RT, Pak Slamet dan Pak Kasmudji maju kedepan dan selanjutnya memotong tumpeng….

Wus tinigas lunging tumpeng, tinon sumunar cahya merbawani kangya pra seba; ingkang esthinira hambengkas saliring durgama, gudha rencana, bengkas saru siku, sarta anyenyandang dhumawahing nugraha raharja bagya mulya, jumbuh kang sarwa ginayuh, dadi kang sami kaesthi.
Tulus lestari gya kapasrahaken dhumateng catur muda tumaruna ingkang dados pasemon sarining: pratiwi, hagni, tirta, miwah bayu.

Lung tinampi punika kinanthen sedya mugya para muda tansah mersudi reh kasarasan, kawasisan, ketrampilan, kagunan, miwah kasusilan suba sita sarta tatakramanipun.
Putra putri ginadang dadya wiji; dewasa, seger saras jiwa raga, wasis trampil, prasaja, anggung ginunggung gumbira, miwah susila anuraga.

Datan katalumpen Bapa Suratman tansah ngelingake; menawa para warga mligine para muda duwe wajib; rumeksa karaharjan lan memayu kayuwanan sarana laku merangi kala murka, ambrastha dur angkara.

Genepe malah ana limang perkara:
Sepisan; Rumeksa raharjaning praja bumi kelahiran,
Kaping pindho; Ngayomi para Wiku Pandhita Resi Ulama kang padha ulah pudya mesubrata,
Kaping telu; Trisna ing bangsa, lan welas asih mring kawula dasih,
Kaping papat; Setya tuhu ing janji, netepi sabda kang wus kawedhar,
Kaping lima; Tunduk ing bener adhedasar adil.

Nulada laku utama
Tumraping wang tanah jawi
Wong Agung ing Ngeksiganda
Penembahan Senapati,
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu,
Pinesu tapa brata
Tanapihing siang ratri
Amemangun karyanaktyasing sasama.

Para rawuh kakung sumawana putri, kula ingkang hambiwarakaken lampahing tatacara Tirakatan mengeti Ambal Warsa Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 64 ing kampung Kandangsapi talatah Surakarta Hadiningrat; kula nglenggana kathah atur kawula ingkang mboten handamel rena miwah sarjuning penggalih panjenengan; Kirang jangkeping atur, kaladuk tuwin lepating pangroncening tembung, ukara miwah basa, mugi ampun andadosaken kiranging pamengku. Hamung tinadah mbaludaking pangaksama.
Pepuntoning atur kinanthenan sesanti; Gangga gangga tri gangga, durga mendhak kala sirna, hayu – hayu - rahayu ingkang samya pinanggih.

Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Malam semakin beranjak. Namun; anak-anak masih tetap bersemangat, tamu undangan, karang taruna, warga dan penonton masih setia menunggu hingga acara berakhir….
Aku yang meracik dan ‘menjadi dalang’ dalam acara malam ini cukup terharu atas atensi semuanya; anak-anak yang bersedia menjadi pelaku, Pak RT, Pak RW hingga warga yang dengan sukarela membantu agar acara ini sukses.
Itulah ‘sesuatu’ tentang arti kemerdekaan, nasionalisme, cinta tanah air yang dapat aku tanamkan kepada anak-anak di kampungku….

Dirgahayu Indonesia; Jayalah Negriku, Sejahteralah Bangsaku….

MERDEKA!!!

2 komentar:

8207h32 Jumat, 14 Agustus 2009 pukul 23.05.00 WIB  

Merdeka!!!

Adhie Jumat, 14 Agustus 2009 pukul 23.46.00 WIB  

Merdeka berarti tanggung jawab untuk selalu maju dan berkembang, ..!!!
Suasana kampung yg guyub rukun,..menikmati keindahan mensyukuri kemerdekaan,...!!
...
Indonesia.,Merah Darahku, Putih tulangku,..bersatu dalam semangatmu..!!

Posting Komentar

Pengikut

ShareThis

Pambuka


Blog ini ditayangkan untuk mengasah idealisme saya tentang; kebangsaan, kerakyatan, budaya, silaturahmi dan hal-hal kecil yang 'mungkin' sama sekali tidak penting alias ecek-ecek. Sekaligus untuk curah pendapat bagi siapa saja yang sempat mampir. Semoga kearifan lokal tidak dilupakan...
Sumangga katuran pinarak...

Local Blogs
blog