(Dening; Kun Prastowo)
Thit … thit…. thiiirrr….
emprit ganthil ngidung ing pucuke wit pring
temlawung
merbawani
asung pratanda
tumekaning pati kang durung pinasthi
dudu patine Mbah Wiro, kang wus puput ing yuswa
dudu patine Lik Sonto, kang nandang papa cintraka
Emprit gantil ngabarake patine geni!!!
Geni sing murup ono dadahne para mudha
Geni sing kudune murub makantar-kantar kuwi wis MATI!!!
Ora mokal;
wegah gumregah tumandang gawe
wegah kangelan
golek kepenake dhewe
Thit … thit…. thiiirrr….
emprit ganthil nelangsa ing pucuke wit nangka;
nelangsa, ngangga angga
Emprit Ganthil nangisi kahanane Ibu Pertiwi
dudu katentreman lan kemakmuran kang onjo
ananging reregan kang sundul ing ngawiat
rasa pangarasa kang katiup ing maruta
jarah rayah saya ngembyah
tatanan bubrah
Thit … thit…. thiiirrr….
emprit ganthil miber
sinambi nangis tanpa luh
pingin mencok ing pucuke wit semboja
tengahing kuburan, sak pinggiring desa….
Emprit Ganthil
Diposting oleh
Solo Mata Jawa
0 komentar:
Posting Komentar