Dhandhanggula:
(Dening: Kun Prastowo)
Guyub rukun dadi sedya suci
Warga Jebres tlatah Surakarta
Ki Tamso iku lurahe
Rukun sedayanipun
Anjalari santoseng budi
Laras budaya Jawa
Jumbuh kersanipun
Pepoyaning kautaman
Iku yekti tuladha tentreming ati
Kudu tansah dijaga
Warga Jebres ayo enggal bangkit
Mangun praja raga klawan jiwa
Kuncara dadi ancase
Lambaran guyub rukun
Hasta brata jiwa pribadi
Manjing dadi budaya
Ing bebrayan agung
Pangarsa klawan kawula
Eling marang sangkan paraning dumadi
Golong gilig ing sedya
Hasta brata watak kang sejati
Nora beda perbawaning alam
Surya candra kartikane
Haminda yektinipun
Sangkan parang jati Illahi
Nurut budaya jawa
Bumi geni banyu
Kalawan angin punika
Panguripan iku tan beda anasir
Luhur budi manungsa
Pralambange hasta brata yekti
Endra Yama Surya Candra dewa
Sumusup dadi jiwane
Kuwera klawan Bayu
Brama iku bathara agni
Baruna ya bathara
Banget tetep jumbuh
Nalusup ing raganira
Panutane pangarsa sagung dumadi
Sari pati piwulang
HASTA BRATA
Diposting oleh
Solo Mata Jawa
Label: dandanggula , hasta brata , jebres , mocopat , surakarta
0 komentar:
Posting Komentar